Kamis, 22 September 2016

kethoprak rohani

KAYU SALIB
(Berdasarkan Kitab Injil Matius)

PAMBUKA
Musik : Wigaring Tyas
Nuwun para pamirsa…ngaturaken salam pambagya…segeng pepanggihan kaliyan seni drama visual “ MORO CARITO
Ing sonten menika sampun sumadyo ngaturaken lelampahan “ KAYU SALIB “
Para pamirsa dene pendhapuk saha dalang dening ki Dayon wiro carita
pranata gending dening Nia lan Yonathan
sedaya wau dipun sesepuhi dening bapa yatno
para pamirsa…..kepareng kula aturaken menggah dhapukaning lampahan……
1.    Gusti yesus  dening Agus
2.    Petrus dening Nur Pijiono
3.    Yohanes dening Mulyono
4.    Yajkubus Dening Parjo
5.    Yudas Iskariot Dening Mulyo WS
6.    Imam dening Ngatmin
7.    Pontius Pilatus Dening Yatno
8.    Maria Magdalena dening Ibu Jupri
9.    Salome dening Yatmi
10. Maria Ibune Yakobus dening …………………..
11. Pawongan 1 dening Yasmi
12. Pawongan 2 dening Widodo
13. Pawongan 3 dening Hernadi
14. Malaekat dening Mas Elly
15. Prajurit dening Para Pemuda Kompalok
16. Dene para setan dening Lare Sekming
Para pamirsa mekaten menggah dapukaning lelampahan ..ing wusana sugeng mirsani pasugatan dama visual GKJ Kradenan Pepantan Tuko-Rejosari kanthi lelampahan Kayu Salib.,sugeng hamirsani …nuwun…(Musik berhenti perlahan )
Musik : Setan Masuk
Angkara murka wus manjing aneng jagading manungsa. Jagad wus kebegan ing eri bandhil bebondhotan. Kang ono mung swara bebisik kang tinumpangan ing samirana. Tan ana sisip lamun iku swara pambisiking jim setan peri prayangan, gendruwo, dhemit, wedhon, brekasakan, iblis, sundel bolong, kemamang, thuyul, ilu-ilu, banaspati, engklek-engklek, waru dhoyong kang amalaya bumi. Keclap-keclap wujuding cat ilang cat katon kanti wujud kang karya gogrog marasing kang tan darbe kawanen. Mangkono kahananing jagad kang wus kebak dening angkara murka..manungsa wus ilang kamanungsane..ilang marang  panggraitane..opo maneh marang gustine…yo mangkana jagading manungsa ws ora beda myang jagading lelembut…( setan masuk panggung sampai selesai menari…..)

001. Narasi      : (MUSIK Yesus masuk 2)
Ratri wus ndungkap ing madya, rep sidhem bawana, sidhem swasana lerem,,,rep horeg alerep samirana pan lir sigeg….sepa sepi sepah samun…tan ana sabawa asuwung..mamprung bawana sinaput ing mendhung….tumlawung heneng hening henu henung…kapyarsa mangkana kidung panangising driya…dumeling jroning paraya…
Rep sidhem premanem datan ana sabawa walang tumalisik gegodhongan datan obah samirana datan lumapah….amung lamat-lamat kapiyarsa swaraning pradonggo munya anglangut…
duk nalika semana gusti yesus ya sang pamarta, ya sang kristus, ya sang juru slameting manungsa kang nandhang dhuhkita ing driya…lumaku myang petamanan getsemane kinanthenan pra sekabat 3 cacahe….sigra tindakira gusti yesus ya sang pamartaning jagad dupi nening driya kadreng sanget hanggennya manggih ingkang Rama …nalika semana tindake gusti yesus wus dumugi ing madyaning petamanan getsemane … lah menika to pangudasmarane gusti yesus myang pra sekabat :
“ Petrus…, yohanes lan sira yakubus….atiku rasane  sediiiihhh banget… nganti kaya arep mati rasane…mula aku njaluk marang sira aja adoh-adoh anggonmu ngenteni aku…aku rewang-rewangono melek ono ing kene…”   “sendiko dhawuh guru…”
(yesus maju sedikit, sujud, dan berdoa).
Semono ngunandikane gusti yesus marang pra sekabat, gya panjenengane lumaku sak pambalangan dohe,…arsa astungkara ya mangastawa ya dedonga mring kang Rama…konjem ing bantala den ira mangastungkara mring sang Rama arsa pasrah jiwa lan raga….” ( nangis) Dhun Rama….. gesang kawula namung kula pasrahaken dhumateng paduka….. sak uruting gesang kawula namung nglampahi karsa paduka……ing dalu menika kawula dedonga dhumateng paduka..ananing manah kawula taksih keraos goreh rama…. Paduka ingkang ngedalakan kawula saking guwa barba ibu kawula…dhumateng paduka ugi kawula sampun dipun pasrahaken dening rama lan ibu kawula.. paduka ampun ngantos nilar kawula rama…awit kasangsaran sampun caket lan boten wonten ingkang saged nulung kawula rama…  menawi pancen saged..mugi tuwung punika sumingkir saking kawula rama……nanging sampun ngantos kajeng kawula rama….karsa paduka ingkang kelampahan  ing gesang kawula ramaaaaa…..” semana to hanggennya meminta dhumateng ingkang Rama…katon pasuryane kembeng-kembeng ing waspa…tumuli tindak  nemoni kang pra sekabat…iba sedihing wardaya kang tinemu hamung sami tilem…senggar-senggur hanggennya ngorok… mracihnani hanggenya tilem wus sak wetara… “ Petrus..yakubus lan yokanan…apa sira ora kuwat ngrewangi aku..sak jam wae…” “ padha meleka lan dedongaa, supaya sira ojo tumiba ing panggoda, Roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih…”  “ sendika dhawuh Gusti..” gya tumuli tindak malih arsya mangastawa ya dedonga mring kang Rama….” Dhuh Rama kawula, menawi tuwung menika boten saged sumingkir, ananging kedah kawula ombe,… inggih …. sumangga ing sakarsa paduka…Ramaaaa…”  Sang kristus tumuli murugi kang para sakabat malih..hananging sami pinanggih tilem ugi…ing panggalih ngunandika “ yow wis cik ben turu… kabeh aku sing nanggung dosa lan keluputanmu ngger….”  Gya gusti yesus tumuju mring papan sekawit arsa matur malih dhateng ingkang Rama….….” Dhuh Rama kawula, menawi tuwung menika boten saged sumingkir, ananging kedah kawula ombe,… inggih …. sumangga ing sakarsa paduka…Ramaaaa…” tumetesing riwe kadya ludira kang tumiba ing bantala..semono gedhene panandhang duhkitane gusti yesus…rasa giris lan geter hanjalari sansaya kepeng hanggennya nyenyuwun dhateng ingkang Rama…wus purna den ira matur marang kang Rama… gya tumuli nyaket myang pra sakabat kang tinemu turu ing pasuketan…” wis padha turuo lan ngaso..saiki wus tutug wancine putraning manungso kudu kaulungake marang tanganing wong –wong dosa….padha tangio lan podho sumingkiro awit kang ngulungake aku wus cedhak…

                        Nalika semana lumingsiring ratri wus dungkap meh rahina…dumadakan ana swara gumarudug kaya wadya bala tamtama kang apacak pancakara…sinten to kang samya prapta..hanenggih yudas iskariot kang kairit para penggedhene imam lan wong sagolongan kang asikep pedang lan penthung(MUSIK YESUS DI CEKEL 2)sigra yudas iskariot mangarsa marepegi myang sang guru….”  Ngaturaken Salam, guru…” heh yudas…opo anggoniro masrahake putraning manungsa kudu kanthi ngambung pipiku…?” heh para sedululurku kabeh…apa aku iki begal..?  dene anggonmu teko sikep pedang lan penthung..? kamangka aku saben dina ana satengahmu ing padaleman suci…ya gene kowe ora pada nyekel aku…nanging yaiki wektumu lan iki kabeh hamung pangwasaning pepeteng ….” (imam) “Wis rangketen yesus kae…ojo kesuwen..” (SAMPAK KETOPRAK 2) Sigra pra sekabat lumayu ninggalake papan iku…..gusti yesus rinangket dening wong-wong duraka…banjur kalarapake myang imam agung kayafas…

( Musik  PETRUS SELAK)
lah ingkana to wau gusti yesus kalarapake marang imam kayafas…..sinigeg ingkang lumampah, gantya kocapa ing platarane imam agus kayafas….akeh pawongan kang pada gumarudug harsa ningali prastawa kang nembe kalampah…. Nalika semana salah sawijining pra sakabat kang aran simon ya sinebut petrus ya watu karang…kanthi dedemitan arsa ngetutake gusti yesus saka kadohan…akeh wong pada gawe bediyang amarga wengi iku karasa atis tur tintrim banget…kathah tiyang ingkang pirembagan bab gusti yesus…petrus tumuli nderek nyaket bediyang amarga keraos anyep…dumadakan ana pawongan kang mangerteni petrus lan takon marang deweke…(Pawongan1)” mass…mengko sik toh…kowe kuwi rak muride yesus kae too…yesus kang saka galelia kae..?” (Petrus) “ kowe kuwi ngomong opo aku ra ngerti sing mbok kandhakke…  … gaaaakkkk … yesus kuwi sopo…aku ra ngerti dewekne…” (Pawongan1) “ ora… kowe kuwi muride yesus ..iyooo..aku tau ngerti kowe bebarengan karo piyambake…” (Petrus) “ ….kowe kuwi ngawur..aku iki dudu muride yesus….aku ki ra kenal yesus ki sopo…” (petrus mundur) pawongan liyane yo arsa takon. (Pawongan2).” he pawongan aku yo tau ngerti sampeyan..kowe kuwi rak muride yesus sing disiksa kae toh..? yo pora….?” (Petrus)kowe kandha apa…ngawur kuwi..aku ki lagi teka..aku ra ngerti sing disiksa kae sapa…wong kok ngayawara…mbok ojo ngawur ngono toh mas…( petrus ngalih enggon )  pawongan liya yo banjur takon (Pawongan3) “ ngko sik-ngko sik… dak tamat-tamatake aku kok dadi eling karo sampeyan mas…sampeyan iki rak muride yesus sing jarene Mesias kae..yo to…? Kowe rak salah sawijine muride yesus yo pora…?” (Petrus) “ husss…sampeyan ki ngomong apa…aku ra ngerti sing mbok kandhakke ki apa….ngko gek-gek ki rupane memper aku…aku dudu muride yesus kae…ora…aku ora muride yesus kae mas…”
lah ingkang mangkana wau too…simon yo petrus wis nyidrani kang gustine ganep ping telu…kadadak kapireng swaraning jago kluruk ing wayah esuk…” cu-ku-ru-ge-luuuuukkk…”  sigra sang simon petrus kemutan marang pangandikanira sang guru “..simon… sak durunge jago kluruk  ing dina iki …kowe bakal yelaki aku ganep kaping telu…” (SAMPAK KETOPRAK 2) (petrus)  “ adhuh…ketiwasan guru…kula lepat guru..” ( Petrus lari Keluar diikuti orang-orang tadi)  
(MUSIK PETRUS NANGIS) (Petrus masuk lagi sambil berlari..)  “ guru……. guru……. guru……. Guru.,” konjem ing bantala simon petrus nangis sesenggukan ..” guru…kula dosa guru….kula nyuwun pangapunten guru.……kula nyuwun pejah kemawon guru….kula ngakeni lepat guru…….kula sampun dados murid ingkang mboten bekti dhateng gurunipu amargi kawula mboten wantun ngakeni bilih kula menika murid paduka….kula sampun nyelaki dhateng paduka guru….” Trenyuh hanggenya nangis..nelangsani kabeh kang wus kelakon tumrap dewekke…rasa semplah ing driya hanjalari entek daya pengarep-arepe (SAMPAK KETOPRAK 2)
 …..gya..ngadeg nyet..kadya gabah den interi, pyak ngarsa tangkeping wiru…lumayu ngetan-lumayu ngulon – lumayu ngidul apadene ngalor…” guru……. guru……. guru……. guru……. guru……. guru……. guru……. guru……kula lepat guruuuu….” ( petrus lari keluar dari panggung )

(YUDAS TEMU IMAM)
lah mangkono wau simon petrus wus ngakoni lan nggetuni kabeh kaluputane marang gurune…sinigeg ing carios simon petrus…nalika semono yudas iskariot harsa manggih para imam ing sisihe plataran imam agung..kejot penggalihe yudas iskarot nalika mangerteni sang guru siniksa dening para prajuriting imam agung….gya yudas iskariot marepegi imam kang wus maringi arta tumbasan gurunipun…unjuke…” salam guru…kula ingkang sowan…kepareng kulo matur bilih kula mbatalaken prajanjen kula lan panjenengan…kula badhe mangsulaken arta prajanjen menika…” wangsulane imam “ sik toh yudas sira iki kok gampang temen mbatalake prajanjen ing antarane aku lan kowe…mangka ing sekawit aku lan kowe wis sarujuk menawa yesus kae kok edol kanthi duwit 30 sekel…duwit wis mbok tompo aku yo wis klakon ngrangket yesus kae..dene yesus tak gawe urip po mati kuwi rak wis ora urusanmu toh…?’  ” mboten guru…kula mboten tega menawi guru yesus disiksa kados ngaten nika…kula badhe mangsulaken arta menika kanthi lipet ping sepuluh guru…kula mboten tegel mirsani guru yesus dipun gebugi kados ngaten … pripun guru…” wangsulane imam “ ora yudas…pasarujukane awake dewe wis ora bisa di batalake maneh..kabeh wus kelakon…saiki mangga enggonen duwitmu kuwi kanggo golek guru liyane,….  yesus arep tak sirnakake saka ing tanah yerusalem kene…yesus kae wis dadi klilip ana ing mataku…wis dadi eri ana ing dagingku…mula angger yesus kae durung mati ..uripku ora ayem..ora tentrem kahanan ing yerusalem kene…” unjuke yudas..” menawi ngoten.. menika arta tumbasan kula balekke mawon…kula mboten sudi nganggo duwit menika….sampun nyuwun pamit..” (SAMPAK KETOPRAK 2) ( Yudas Keluar setengah berlari dan imam ambil uang)

“Yudas…yudas…aku ngerti pengapesanmu..kowe ora ngerti menawa kowe dak apusi..kowe wong kang karem banda..kowe kepingin sugih kanthi cara kang ora bener..uga kanthi ngorbanake sapa wae…nganti guru kang mbok bekteni awan bengi iyo melu kok edol…iki duwit getihe yesus… ora pantes kanggo pisungsung..mula bakal dak tanjakake kanggo tuku palemahan kang bisa kanggo pakuburan..yoo pakuburanmu dewe yudas.. hahahahahaha….. yudas… yudas….:”  ( keluar sambil geleng kepala)
(MUSIK YUDAS TEMU IMAM)



Sinigeg ing carios yudas iskariot…ginantya ing kanda…. ing salebeting pendhapa agung sang Pilatus.... goreh penggalihira Pilatus nalika yesus nora ketemu ing lepat miturut angger-angger paprentahaning praja ngerum… menapa malih ingkang garwa yo wis wanti-wanti supaya aja melu-melu perkarane yesus… kedadak gusti yesus kalarapake marang Pontius Pilatus malih (MUSIK YESUS DI CEKEL 2)   … para imam adreng sanget anggennyo kepingin nyilakani gusti yesus kanthi kaukum pati…” Kulo ingkang sowan kangjeng Pilatus..kanjeng prabu herodes mboten kerso mutusi perkawisipun yesus menika..pramila kula pasrahaken malih yesus menika dhateng kanjeng prabu Pilatus…. kulo naming nyuwun yesus menika kedah kaukum pati…   ” wong iki kudu disalib… kasaliba…. kasaliba…. kasaliba …. luwari barabas… barabas…. barabas… barabas…” Lir sinabit talinganiro, jajabang mawinga-winga.. sinabeta merang sagedheng, bel dadi geni lah mangkono sang Pilatus arsa ngunandika marang wong-wong kabeh…” menenga….!!!!...he..para imam lan wong-wong kang ana ing kene…aku yo nora temu salah marang yesus iki… manut angger-anggering praja ing ngerum wong iki yo nora tinemu luput…mula menawa sira kabeh bakal nibakake paukuman marang wong iki…opo maneh nganti kok pateni..aku nora melu nangggung getihe wong iki…tanggungen dewe sak anak putumu…” sigro sang Pilatus ndamel serat kekancingan lan arsa wijik asta.. banjur ngunandika “ iki layang kekancingan ingsun menawa yesus iki kaukum pati…nyoh tampanana layang iki aku wis ora ono urusan maneh karo yesus iki… prajurit….tindakno apa kang dijaluk para imam iki…”  “ sendika dhawuh…”(SAMPAK KETOPRAK 2) lah mangkono gusti yesus banjur kaukum pati, pinentheng ono ing gunung golgota ….yo gununging paukuman..(LALER MENGGENG)
Nalika semana sang bagaskara wus lumingsir mangulon…watara tabuh kaping telu gusti yesus ya sang juru pamartaning jagat raya tinemu ing seda lan kasareaken.
( Yudas Masuk  lagi dengan raut muka sedih )
sinigeg ing carita…nalika semana katingal yudas iskariot..salah sawijing siswa kinasih kang wus tega ngedol marang gurune…alon-alon lampahiro mratrandhani bilih ing driya kebak rasa sungkowo..yo rasa semplah..ajrih…lan pedhot ing pangarep-arep…lah menika pangudasmarane ing sajroning wardaya….
“ Guru….Guru Yesus…kula mboten nyana..mboten ngira menawi kedadosanipun kados mekaten guru….ing sekawit kula namung  badhe maeka para imam keparat menika kanthi arta 30 yuta ingangkah arta menika saged kangge kabetahan guru….oh guru…kenging menapa guru mboten nglawan wegdal dipun cepeng….paduka rak gadhah panguwaos lan sekti mandraguna menawi naming manungsa kemawon mboten wonten napa-napanipun….setan, iblis lan sabangsane sampun paduka kawonaken…kenging menapa kalih manungsa dosa, manungsa ingkang korup paduka mboten purun nglawan….oh guru…menapa ingkang sampun kula lampahi menika guru…?...kenging menapa guru mboten nggega lan midanget atur kula…kenging menapa paduka mboten enggal-enggal marentah dhateng  tiyang-tinyang sami nggecak perang lumawan romawi lan tiyang-tiyang kapir menika…guru….kita rak sampun gadhah tiyang ingkang cacahipun 5 ewu…kenging menapa paduka mboten enggal-enggal tumindak guru…malah-malah kula paduka sengeni menawi rancangan kula namung rancangane manungsa… dudu rancangane Gusti Allah….kula kedah ngasihi guru…?...kula kedah nresnani guru…?..ngasihi lan nresnani tiyang ingkang sampun mataun-taun nindes bangsa niki….? Bangsa Yahudi bonten bangsa ingkang remeh guru…bangsa yahudi menika bangsa pilihanipun Yehuwah piyambak..boten saged dipun sejajaraken kalih bangsa kapir yunani menika guru…..
Nanging sedaya sampun pepes guru…paduka sampun mboten wonten malih…paduka sampun dipun salib dening bangsa kapir lan imam-imam keparat menika…kula mesti dadi barang guyonane tiyang sak yerusalem…lan sak menika kula nembe sadar lan mangertos bilih katresnan menika saged ngatasi juranging manungsa kaliyan gusti…ugi juranging manungsa kalih manungsa…dhuh guru…tigang tahun guru…tigang tahun anggen kula nderek guru kenging menapa kula nembe sak menika nembe mangertos…oh guru…kula nyuwun apunten…”
Gya…Yudas Iskariot ngadeg nyet..lan ngunandika..” yoh..Yudas…kowe wis dadi bahan guyonane wong sak yerusalem…umpama’a kowe urip wis ra ono ajine maneh..urip wis kewirangan..wis tanpo guna maneh menawa urip ing donya iki…aku wus tumindak kliru…aku wis tegel mateni guruku dewe…lan nyengsaraake sedulur-sedulurku….wis sedulur apuranen aku…. aku tak ndisiki mati..mangsa borong sedulur….”(SAMPAK KETOPRAK 2)
Yudas iskariot ngudhari sabuk kang ana bangkekane tumuli ditalekke ana gulune…ya mangkana yudas iskariot arsa ngedhat diri ana ing pategalan…
(PETRUS NANGIS)
Cinupet ing kanda…bareng dina sabat wus kaliwat gumanti dina ahad yo dina kang kapisan ing minggu iku  ..bang-bang wetang wus katon sumulak  mratandani menawa wancine meh rahino..katon ana pawestri 3 cacahe kang lumaku rikat tumuju myang ing pasarean..yo pasareanne gusti yesus kang wus di sedani dening tiyang -tiyang  yahudi kang dipun pangarsani dening para imam…sinten to para pawestri wau…hanenggih mariam Magdalena pawestri ingkang swau pinanggih kesurupan setan lan lan dipun usadani dening gusti yesus…angka tiga hanenggih salome… angka tiga inggih menika kang ibu yakubus lan yohanes..inggih semah saking zebedeus…
Kacarita…tindakiro pawestri mau wus dumugi gapuraning pasarean…iba kejoting manahira nalika nguningani menawa pasareane gusti yesus wus mengo…banjur ngandika “ lho kok mengo…banjur gusti yesus nang ndi…?...ngko gek-gek dicolong uwong…” iyo yu…layone gusti yesus ono ngendi yu…piye iki yu…???...” …semono hanggenya ngupadi marang layone gusti yesus…dumadakan..ana malaekat pangeran kang tumedhak saka ing langit  marepegi pawestri wau…pasuryane mencorong katon koyo kilat asamber….pengageme putih kaya salju… .iba  getering ati marang para pawestri wau..nganti kaya wong mati..nulya malaekating pangeran  arsa ngunandika “ Siro ojo wedi…sebab aku mangerti menawa siro kuwi nggoleki gusti yesus kang wus disalib iku…Panjenengane wis ora ana ing kene, awit wis wungu, kaya kang wus dipangandikaake marang siro nalika semana….saiki coba delengen panggonan kang mentas kagem sumare ne gusti yesus…mulane wis pada balio..kandhakno marang murid-murid lyane menawa gusti yesus saiki ws wungu saka ing antarane wing mati…lan saiki wus disiki lakumu menyang galelia kana…siro bakal ndeleng panjenengane ana ing galilia kana…aku iki malaekating pangeran yehuwah kang wus maringi pawarta marang siro kabeh…” sirna ing sakedeping netra…malaekating pangeran sigro kondur myang suwargo….”(SAMPAK KETOPRAK 2)
Lah ta wau para pawestri dereng ilang hanggenya wedi lan geter, nanging jroning driyo ana tanda pitakon kang gedhe “ Gusti Yesus wis wungu…??? OOOOOooo…iyo aku eling marang pangandikane yen ing telung dinane bakal wungu maneh saka ing antarane wong mati…Wis ayoh ojo padha kesuwen ana ing kene …awake dewe bali menyang galilea aku pengin weruh gusti yesus..” (BABAK AKHIR)  tancep kayon….Rampung…

Catatan : Musik akan kami upload juga, tapi tunggu dulu yaa....

harapan kami naskah ini dapat membantu dalam pelayanan kita semua...
Tuhan Yesus memberkati..amin..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar